Selasa, 06 Oktober 2015

Contoh Sesorah Tampi

Assalamu’alaikum Wr. Wb

Nuwun, nuwun, kulo nuwun. Ingkang sapindah, mangga kita sesarengan ngaturaken raosing syukur dhumateng Gusti Allah SWT dene kita sedaya saged makempal wonten ing adicara punika kanthi sehat wal’afiat. Mugi-mugi kita sedaya tansah pinayungan dening Pangeran Satemah ambabar rahayu wilujeng lumebering sedayanipun. Para sepuh, para rawuh kakung putri ingkang luhur ing budi. Nyuwun pangapunten menawi kula paripeksa nggempil kamardhikan panjenengan sedaya, saprelu kula matur wonten ing ngarsanipun bapak agung subani sakulawangsa. Para rawuh sedaya, kula Eilena Salsabila minangka talang aturipun Bapak Supriyadi sakulawangsa ingkang kula bekteni.

Ingkang kaping kalih, kula ngaturaken sugeng rawuh ugi salam taklim dhateng Bapak Arifin sakulawangsa. Kula kadhawuhan ngaturaken amanat saking Bapak Supriyadi inggih menika bil qauli Assalamu’alaikum wr. Wb, kula tampi pasrahipun calon temanten kakung Arya Wiguna putranipun Bapak Arifin lumantar Dian Dwi Safitri ingkang sampun sarembag badhe kadhaupaken kaliyan Putri Hayati putra putrinipun Bapak Supriyadi lumantar kula Eilena Salsabila. Pramila Dian Dwi Safitri saged ngaturaken amanah punika. Mugi-mugi saged dados kaluwarga ingkang sakinah mawadah warahmah. Wusana cekap semanten, menawi wonten atur kula ingkang lepat, kula nyuwun agunging pangapunten, mugi-mugi mboten ndamel renaning penggalih panjenengan sedaya. Maturnuwun, Wassalamu’alaikum Wr. Wb.



Tidak ada komentar:

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...